Sabtu, 25 Februari 2012

Shalawat, Lirik Syi'ir Gusdur Tanpo Waton


Shalawat, Lirik Syi'ir Gusdur Tanpo Waton


Syi'ir Tanpo Waton
al-magfurlah KH Abdurrahman Wachid (Gus Dur)

 
استغفر الله ربّ البرايا > استغفر الله من الخطا يا
ربّي زدني علما نافعا > ووفّقني عملا صالحا 

  يَا رَسُولِ الله سَلامٌ عَلَيْكَ > يَا رَفِيْعَ الشَّانِ وَ الدَّرَجِ
  عَطْفَةً يَا جِيْرةَ الْعَالَمِ > يَا أُهَيْلَ الْجُوْدِ وَالْكَرَم  ِ( 2 x ) 

Ngawiti ingsun-- nglaras Syiiran---
Kelawan muji--- marang Pa--ngeran
Kang paring rahmat lan kenik--matan
Rino--- wengine—tanpo-- pitungan   x  2

Duh bolo konco --priyo wanito-----
Ojo mong ngaji-- Syare'at blo---ko
Gur pinter ndongeng, nulis lan moco
Tembe--- mburine bakal sangsoro  x  2

Akeh kang apal --Qur'an haditse---
Seneng nga—firke-- marang li--yane
Kafire dewe--- gag di ga--tekke---
Yen I---sih kotor-- ati--- akale  x  2

Gampang kabujuk-- nafsu angkoro---
Ing pepaese--- gebyare ndunyo
Iri lan meri sugihe tonggo
Mulo atine--- peteng lan nisto  x  2

Ayo se—dulu---r jo nglale—ake----
Wajibe ngaji --sak prana—ta--ne
Nggo ngandelake iman ta--uhide
Bagu--se sangu--- mulyo matine   x   2

Kang aran soleh--- bagus atine
Kerono mapan seri ngelmune
Laku thoriqot lan ma'rifate
Ugo hakikot manjing rasane   x  2

Al-Qur'an Qodim ---wahyu minulyo---
Tanpo dinulis--- biso diwoco
Iku wejangan guru waskito
Den tancepake ing njero dodo   x  2

Kumantil ati lan pi--kiran
Mrasuk ing badan--- kabeh je---roan
Mu'jizat Rosul dadi pe--doman---
Mino--ngko dalan ---manjinge iman   x 2

Kelawan Allah kang moho suci
Kudu rangkulan rino lan we---ngi
Ditirakati diriyadhohi
Dzikir-- lan suluk--- jo ngan--ti lali   x 2

Uripe ayem rumongso aman
Dununge roso tondo yen iman
Sabar narimo najan pas pasan
Kabeh tinakdir saking pengeran   x  2

Kelawan konco dulur lan tonggo
kang podo rukun ojo nga---sio
Iku sunahe--- Rosul kang mul---yo
Nabi-- Muhammad ---panu--tan kito   x  2

Ayo nglakoni sakabehane
Allah kang bakal ngangkat drajate
Senajan ashor toto dhohire
Ananging mulyo maqom drajate   x  2

Lamun palastro--- ing pungkasane ----
Ora kesasar--- roh lan suk---mane
Den gadang Allah--- swargo mang---gone
Utuh--- mayite ---ugo---- ulese   x  2

 

Tidak ada komentar:

Posting Komentar